sambat kang ora nyuworo
Nyacah sempale rino kawoco

Bleger jejek endah kajogo
Sakolo nyembah
Anjogo warta kacarito

Yen pancen isih ana daya
Jumangkao ampeyan
Ngusung praja kang luwih tumoto

Ananging  yen tan bisa kajiret sukma
Sumeleh ati lilo
Luwih prayoga katutup soca

Jumangkao, muga-muga pedhut iso dadi slimut
Muga-muga getih ora gawe perih
Muga - muga dubang ndadekke padhang

(rose 190211)